Woro-Woro!!!

Sedulur kabeh, sediluk maneh bakal ono Pesta Sepakbola, WORLD CUP 2014 BRAZIL. . . !!!

Kanggo nyambut event iku, ono sawijining deklarasi soko cah-cah lanang tentang peraturan selama Piala Dunia kanggo pacare dhewe-dhewe, gatekke yo :

1. Awit saiki kudu download Jadwal Resmi siaran langsung Piala Dunia, sing disiarke TvOne lan ANTV, kudu, ora keno ora. Soale bakal akeh banget manfaate. Ojo drama korea wae sing di-download.

2. Awit saiki, kudu update lan ngerti kabeh tentang Piala Dunia, woconen kae berita-berita ning situs olahraga, iki juga bakal akeh manfaate.

3. Pokoke yen lagi siaran langsung pertandingan, ora usah repot-repot BBM/nge-chat takon kabar, lagi ning ndi, wis maem durung. Ora bakal tak bales. Telpon wae tak reject. Ngganggu tok!! Mulane, tempel jadwal kuwi ning kamarmu, yen perlu apalno.

4. Selama Piala Dunia, ojo ngarep aku gelem diajak NONTON, film opo wae aku moh. Gelem sih tapi kecuali siji, NONTON BARENG PIALA DUNIA!!!

5. Selama Piala Dunia, yen maem bareng, mbayar dhewe-dhewe, duitku entek nggo tuku cemilan. Tapi yen Piala Dunia wis rampung, awakmu bakal tak traktir seminggu FULL, asalkan JERMAN juara.

6. Yen lagi jalan bareng, trus aku ngajak ngobrol tentang update Piala Dunia tapi dirimu ora ‘ngeh’, ora bakal tak anter mulih. Mulih dhewe numpak angkot opo ngojek yo keno.

7. Yen ono pemain Timnas negara ngendi wae sing ganteng, ora usah komentar, opo maneh nganti ngomong “Ganteng bingitss yooo”. Aku bakal nesu.

8. Yen tim favoritku (JERMAN, LONDO, ENGGRES) kalah ning pertandingan, ora usah sok menghibur, kuwi nambah aku bad mood.

9. Peraturan iki berlaku selama Piala Dunia. Yen nglanggar sepisan, keno SP siji. Nglanggar pindho, keno SP loro. Nglanggar ping telu, mendhing awake dhewe putus wae, ora urusan.

3 comments:

Powered by Blogger.